Dino iki mau dino minggu, tapi meneng ae ora metu-metu, dolan-dolan, opo meneh ngguyu-ngguyu. Omahku brisik tenan, mergane tonggoku isek hajatan, orgenan lan dangdutan.. arep ngerjakne tugas ora konsen, arep metu ora nduwe duit nggo tuku bensin mbo’o gor sak sen. Mumet-mumet aku kelingan kertas bungkus sego, tak lipet-lipet, trus tak lem dadilah tas kertas. Rencanane arep diisi lanting bumbu karo koncoku, truss neng tiap wadahe di wei kejutan-kejuatn edukatif,. Wes jan kreatif tenan… bar ngunu mbuka FB, enek koncoku zaman SMA mbiyen, ngoborol-nngobrol janjian sesuk arep nggawe sawut lan donat sukun. Wes jannnn kreatif pisan. Bar ngunu aku ndelok FBne seniorku neng EC mbiyen… lah… enek seng unik.., lek mbiyen dewe’e keranjingan karo bahasa inggris saiki kok nulis blog karo boso jowo… tak pikir kok kreatif pol-polan… dadine aku ketantang melu-melu… karo boso seng aksarane ho no co ro ko..

Ora gampang nulis blog karo boso jowo, lek ora percoyo yo monggo dicobo. Mbok ndino-ndinone ngomong jowo kok yo pas di tulis-tulis gagap-gagap. Dadi kelingan obrolanku karo kakak tingkatku neng SMA pirang ndino kepungkur, budaya jowo kii budaya sing tuo lan okeh falsafahe seng apik, tapi cah-cah saiki bodo isin lek kon ngomong jowo, gengsi-gengsi. Padahal lek neng ilmu linguistic ki boso jowo luweh tuo timbang boso Indonesia dewe. Boso jowo juga bosone kerajaan majapahit seng patihe jenengee gajah modo. Lan gajah modo kui tau ngucap sumpah, sumpae terkenal karo sumpah palapa. Jerenne gajah modo, dewek’e ora arep mangan buah mojo lek urong nyatokne nusantoro. Ternyata sumpae iku keturutan, daerah kekuasaane majapahit ki tekan pilipina, lek saiki yo wilayah asean. Wes jannn lek di piker kanggo tenanan, boso jowo ki yo tau gengsi koyo boso inggris sing di nggo komunikasi neng asean saiki. Gur ora salah-salah, boso jowo juga tekan amerika, lek ora percoyo luungo’o nang suriname, meh kabeh wong ngomong boso jowo. Trus awak’e dewe seng sebagai wong jowo, ngopo kok yora njajal komunikasi lebih karo boso jowo, neng blog, FB, twitter, utowo google, lek ora percoyo buka’o google, kan enek versi boso jowone.

Enek meneh teori seng keloro, lek boso iku dalan nggo mblebu nang budoyo, jal saiki bayangne, opo wae peninggalan buday jaowo, ko zaman maja pahit sampe wali songo. Mesti okeh falsafah urip lan iso dipelajari. Trus ngopo saiki ditinggal. Dadi…. Mulai saiki sempetno nulis-nulis karo boso jowo ra ketang pisan pindo… piye konco-konco ???